Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Senin, 20 September 2010

Rilakna Sliraku

Rilakna Sliraku

Ing sasanalaya garwaku
Aku lungguh dhewekan
Dongakake marang sira
Mugi-mugi Gusti nampa sliramu, uga
Ing papan panggenan kang prayoga

Garwaku, dek nalika lungamu
Dina-dina samun
Tan ana papan pinangka
Andum rasa suka apa dene nalangsa
Kabeh dak karupti dhewe
Lan si-Tole putramu tansah
Undang-undang sliramu
Ing wektu bengi wektu arep turu
Banget pangarep-arepku lan
Si-Thole putramu nunggu tekamu

Ing sasanalaya sliramu iki, garwaku
Antarane sliraku lan sliramu iki alame wis beda
Sliraku alam wujud dene sliramu alam kabut
Sliraku wis sakwetara lawas dadi dhuda
Uripku banget kasiksa
Awit aku manungsa lumrah
Butuh andum rasa susah lan bungah

Garwaku, rilakna sliraku
Ngupadi pangganti salira putri
Uga ibu tumprap si-Thole putranira
Panjalukku aku bisa ketemu
Putri kang endah bebudene
Kaya ibune si-Thole
Kebak rasa kasih lan katresnan
Muga-muga emben aku lan sira
Bisa ketemu ana ing papan surga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar