Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Selasa, 14 September 2010

Nawala Seta Tanpa Titi Mangsa

Jeng, sengaja dak tulis ketik dlancang iki
Nalika ndalu nggempil katentremanku
Kados pusering pandeleng kang meneng sepi
Lan candra sing semu lembut eyup
Ana ing adhemu, menengmu sing anteng iku
Ndadosake penasaraning atiku

Mengkono temenan tenan bab sliramu
Nanging tan wani aku nyawang dangu
Naliko kekarepan brontak arep usada
Ngangen sliramu
Menawa emut sajadahku
Sing nembe dak ambung
Ing sakjroning sepi iki
Ing sak ngarepe Yang Gusti

Jeng, umpamakna ing ratri sepi iki
Sliramu ana ing sisihku
Dak aku benerne dunung prenah kemulmu
Supaya saremu saya anget
Supaya sliramu nyumpena saya endah

Jeng, ah, datan bisa dak iselaki
Kanyata sak jroning ngliwati dina-dina
Aku namung jalma wantah
Ora bisa nyimpen rasa
Kapan dak buang adoh-adoh rasa
Lan nyumpenaku iki
Atiku susah
Kepingin rasane ngobrol
Ketemu suwe kaliyan sira
Lan nalika gemplasah dawa
Nyaketi pojok ati ku
Aku lesu lan klayah

Jeng, aku tan pirsa
Apa gegayutane wantara atiku
Kaliyan menengira
Sing dak ngerteni atiku lan menengira
Ndadekake aku gemplasah
Gemplasah ndadekake aku susah
Susah ndadekake aku mangkel
Mangkel karana aku kangen
Ngarep balesan coretan beksan ballpoinira
Sing ora tau dak ngerteni
Lan nganggo apa aku bisa ngenalira
E... Jeng muslimah apa aku isih bisa
.........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar