Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Jumat, 24 September 2010

Luru Kembang

Tekan dina riyaya besok, mak
Ora bisa aku gawa
Wangining kembang
Dahlia, mawar, anggrek, anyelir
Kabeh wis payu, laris
Kasep aku, mak
Sakjane kanggone wong lanang
Aku uga mbutuhake

Kembang wurawaribang, lempuyangan, cokra-cakri
Sing wingi megar ing cedak omah bae
Wis ana sing ngepek
Duh, payah mak
Sebenere akeh kembang sing aku weruhi
Sarwa warna warni edi peni ing mall
Nanging sapa sing gelem, mak
Amarga kembang sing ditawaake
Ora bakal alum, mesthi palsu
Wah, susah mak

Kayane aku butuh bantuanmu, kang
Golekna marang negri sebrang
Mbok menawa kembang sakura
Sing tau aku krungu ungsum ing kana
Aku weling gawakna siji bae

Tidak ada komentar:

Posting Komentar