Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Jumat, 27 Agustus 2010

Wanci Subuh

Wanci Subuh

Ing wayah isuk iki
Angin semilir atis anyeplosi kulitku
wanci enak-enake mancal kemul
turu kringkel ana ing ngamben
nanging dak gugah si Thole kaliyan ibune

ing wanci subuh iki ayo padha sira tangi
kae corong terompet adzan
kang tresepake ing ati
nyuwara alon ngundang insan
“ Hayyaalassholah”
nandakake yen sepur enggal arep mangkat

penumpang ketingal sepi
aku masinis kang mapan ana ing ngarep
sepur banjur mangkat
barang rampung ngucap salam
ingsun nlinguk menyang para penumpang
ana kang sholeh bakulan pasar
ana lek siti tukang nyapu dalan
ana si suyud tukang ngaritake sapi

duh, Gusti…aku kelangan…
ana ngendi si Thole
ana ngendi pini ibune si Thole
geneya ora katon, punapa ora katut melu
banyu luhku kumembeng mbebes mili
ya, pancen, ing alam bebrayan iki saget sesarengan
nanging ingsun was sumelang
yen, ora bisa ketemu ing papan kekajenganipun gesang
ing alam kelanggengan mangke

Tidak ada komentar:

Posting Komentar