Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Jumat, 27 Agustus 2010

Ingkang Putra

Ingkang Putra

Ing wanci wengi sepi iki
Sliramu turu ana ing ngamben ketingal angles
Aku mara, lungguh nyedaki sliramu
Dak sawang pasuryanmu
Dak ematake awak mungil cilikmu
Dak elus pipi lan bathukmu
Krasa anget sumunar pucet lesu
Dak bayangake nalika warasmu, aku lajeng eling
Kemutan esemu
Kemutan ngguyumu
Kemutan ocehanmu
Waspa luhku kumembeng brebes mili tanpa krasa

Saiki sliramu isih turu
Sak wise dak gendong lelo-lelo
Sakwise ku lantunaken tembang, sekar dhandhanggula
Sakwise rewel kang ana sing dirasa
Rasa sakit kang ora bisa sira ko kandhaake

Duh, si Thole putraku
Sliramu lare taksih bayi alit
Durung semesthine nandang dosa
Jalaran durung duweni nalar sempurna
Gusti … aku ora tegel deleng bocah cilik nandang lara.
Menawi aku kang lepat lan dosa
Aku mawon kang nampa pidana

Ing wanci tengah wengi kang sepi iki
Aku lungguh bersimpuh lan nyenyadong
Nyenyuwun pangapunten dhateng Panjenengan Gusti
Lan paringana putraku enggal waras.
Aku wis ngangken kangen marang ngguyune
celothehane si Thole putraku iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar