Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Kamis, 17 November 2011

Sesorah

Asalamualaikum wr. wb. Alkhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta inu ala umuridunya wadin. Ashadu ala illa ha illallah. Wa ashadu anna muhammadarasulullah. Allahumma sholi ala Muhammad wala ali Muhammad. Ama bakdu. Ingkang kula hormati para simbah kakung saha putri, para bapak saha ibu, para paklek saha bulek, para kang mas. Ugi para kadang sepuh , para tamu undangan ingkang tansah kinurmatan. Para adik-adik para keponakan, para kadang muda ingkang setuhu mulya bahagyo. Keparenga kula mambeng saha nggembil kamardikan panjenengan sedaya, awit wonten mriki kula pinangka sesulihipun para putra wayah, para adik, adik lan kadang nem, kinen ngaturaken salam pambagyaharjo wonten ing kalenggahan menika. Ananging saderengipun sumangga kita pinangka kaum muslim, saha cunduk kali kuncoroning bangsa Indonesia ingkang linambaran pancasila, kula nderekaken ngaturaken puji syukur ing ngersa dalem Allah swt., awit saking rahmah saha hidayahipun kita saged kempal manunggal wonten ing kalenggahan menika kanthi tansah pinaringan karaharjan tebih ing sabekala. Para Simbah, para Bapak ibu lan para rawuh sedaya ingkang tansah kinurmatan. Wonten dinten riyadi, dinten ingkang fitri kula pinangka sesulihipun para putra wayah ngaturaken sugeng riyadi , nyuwun agunge pangapunten ingkang tanpa pepindan lahir lan bathin dhumateng para simbah, para pabak ibu, pak lek bulek, kang mas lan kadang sepuh sedaya, kula suwun kanthi sanget miyaraken manahipun kagem nampi pangapuntenanipun para putra wayah sedaya. Para putra wayah menyadari kathah kalepatanipun, awit para putra wayah lare ing jaman sakmenika, asring nerak ing pawugeran remen srugal-srugul mboten ngenggeni ing subasita, trapsila saha tata karma. Malah kadang wonten ingkang bantah, crekal datheng dawuhipun para bapak-ibu sedaya. Sepindah malih ing dinten riyadi para putra wayah nyuwun agunge pangapunten. Ugi para putra wayah nyuwun tambahe idi pangestu dhumateng para simbah, para bapak Ibu, supodos para putra wayah anggenipun pados rejeki, pados ilmu ing pawiyatan sagen pinaringan lancar, mboten wonten rubeda napa kemawon lan pinaringan berkah saking Allah swt. Semanten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih anggenipun kula matur kurang mrananing ing penggalihipun para rawuh sedaya kula nyuwun agunge pangapunten. Kula pungkasi kanthi waosan Wasalamualaikum wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar