Tulisan Jalan

Selamat Belajar Membuat Blogspot

Minggu, 17 Maret 2013

Sesorah

Asalamualaikum  wr. wb.
Alkhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta inu ala umuridunya wadin. Ashadu ala illa ha illallah. Wa ashadu anna muhammadarasulullah. Allahumma sholi ala Muhammad wala ali Muhammad.  Ama bakdu.
Ingkang kula hormati para simbah kakung saha putri, para bapa saha ibu, para paklek saha bulek, para kang mas.
Ugi para kadang sepuh , para tamu undangan ingkang tansah kinurmatan.
Para adik-adik para keponakan, para kadang muda ingkang satuhu mulya bahagyo.

Keparenga kula mambeng saha nggembil kamardikan panjenengan sedaya, awit wonten mriki kula pinangka sesulihipun para putra wayah, para adik, lan kadang nem, kinen ngaturaken salam pambagyaharjo wonten ing kalenggahan menika.

Ananging saderengipun sumangga  kita pinangka kaum muslim, kula nderekaken ngaturaken puji syukur ing ngersa dalem Allah swt., awit saking rahmah saha hidayahipun kita saged kempal manunggal wonten ing kalenggahan menika kanthi tansah pinaringan karaharjan tebih ing sabekala.

Para Simbah, para Bapak ibu lan para rawuh  sedaya ingkang tansah kinurmatan.
Wonten dinten riyadi, dinten ingkang fitri menika kula pinangka sesulihipun para putra wayah ngaturaken sugeng riyadi ,saha nyuwun agunge pangapunten ingkang tanpa pepindan lahir lan bathin dhumateng para simbah, para bapa ibu, pak lek bulek, kang mas lan kadang sepuh sedaya, kula suwun kanthi sanget miyaraken manahipun kagem nampi pangapuntenanipun para putra wayah sedaya.

Para putra wayah menyadari kathah kalepatanipun, awit para putra wayah lare ing jaman sakmenika, asring nerak ing pawugeran, remen srugal-srugul  mboten ngenggeni ing subasita, trapsila  saha tata karma. Malah kadang wonten  ingkang bantah, crekal datheng  dawuhipun para bapak-ibu  sedaya. Sepindah malih ing dinten riyadi para putra wayah nyuwun agunge pangapunten.

Ugi mbok bilih putra wayah anggenipun ngopeni para simbah, para bapa ibu kirang prigel, kirang mangabekti saha mboten mranani ing penggalihipaun para simbah, para, bapa ibu, alasan kasibukan, padamelan lan sanes-sanesipun  kulo suwun kanti sanget lubere sih samudra para simbah sedaya.

Ugi para putra wayah nyuwun tambahe idi pangestu dhumateng para simbah, para bapak Ibu, supodos para putra wayah anggenipun pados rejeki, pados  ilmu ing pawiyatan sagen pinaringan lancar, mboten wonten rubeda napa kemawon lan pinaringan berkah saking Allah swt.

Semanten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih anggenipun kula matur kurang mrananing ing penggalihipun para rawuh sedaya kula nyuwun agunge pangapunten.

Kula pungkasi kanthi waosan Wasalamualaikum wr.  wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar